Monday, April 11, 2016

Teks Pembawa Acara Jam’iyah Sholawat Nariyah Ngasem Bateali Jepara




السّلام عليكم و رحمة الله و بركاته
الحمدلله رب العالمين وبه نستعين على أمورالدنيا والدين . الصلاة والسلام على أشرف الأنبياء وامام المرسلين سيّدنا ومولانا محمّد و على أله وصحبه أجمعين
قال الله تعالى فى القرأن الكريم . أعوذ باالله من الشيطان الرجيم بسم الله الرحمن الرحيم قالى ربّ اشرح لي صدري و يسّرلي أمري وحلل عقدة من لساني يفقه قولي - أمين
Hadrotal Mukarromin poro alim, poro kyai, wabil khusus panjenenganipun Abah Abdul Basith selaku pengasuh Jam’iyah Sholawat Nariyah ingkang tansah kawulo mulya’aken.
Sederek Mas.................../Mbak................. selaku shohibul hajat dalah sak keluarganipun ingkang kawulo hormati.
Rekan-rekan Jam’iyah Sholawat Nariyah, baik kakung ugi putri ingkang tansah kawul tresnani.
Sak derengipun acara dalu meniko, kito bikak, monggo kito sareng-sareng muji syukur dateng ngarsanipun Allah SWT, ingkang sampun paring pinten-pinten Taufiq, Hidayah, serto inayahipun sahinggo kito saged bermuwajjahah dalam rangka kempalan Jam’iyah Sholawat Nariyah kanthi sehat wal ‘afiyat.
Sholawat ugi salam mugi kunjuk wonten ngarsanipun junjungan baginda Nabi Agung Muhammad SAW dengan bacaan Allahumma Sholli ‘Ala Sayyidina Muhammad Wa ‘Ala Ali Sayyidina Muhammad, mugi-mugi kito sedoyo angsal syafa’atipun wonten ing dinten Qiyamat, Amin Allahumma Amin.
Wondene acara ing dalu meniko:
Sepindah pembukaan
Kapeng kaleh                 : Haddroh, ingkang sak mangkeh dipun pimpin dening panjenenganipun Abah Abdul Basith
Kaping Tigonipun    : Wahosan Sholawat Nariyah ingkang bade dipun wahos dening Saudara .........................

Kaping Sekawanipun      : Wahosan Tahlil, ingkang bade dipun pimpin dening Saudara .........................
Kaping Gangsalipun        : Do’a, ingkang bade dipun wahos dumateng Abah Abdul Basith.
Kaping Enemipun           : Istirahat, sekaligus Mau’idhoh Hasanah/Pembacaan Kitab, ingkang bade dipun salirani dening panjenenganipun Abah Abdul Basith
Kaping Pitunipun          : Penutup
Poro hadlirin ingkang tansah kinormatan, monggo kito bikak acara ing dalu meniko kanthi wahosan Surotul Faatihah, mugi-mugi kanthi wahosan Surotul Faatihah acara ing dalu meniko pinaringan lancar, ugi wonten barokah lan manfaatipun ...............................على هذه النّية الفاتحة
Sak Lajengipun acara demi acara kawulo aturaken ingkang sami tugas kanthi berurutan. Wekdal soho panggenanipun kawulo aturaken sumonggo.
Alhamdulillah.. Acara pengahosan dalu meniko saget lumampah kanthi lancar, lan mug-mugi barokah Amin Allahumma Amin.
Sangkeng kawulo mewakili sedoyo rencang-rencang Jam’iyah Sholawat Nariyah ngaturaken sembah nuwun dateng Mas/Mbak................. sak keluwargo atas hidangan lan shodaqohipun mugi-mugi dipun tampi Allah SWT lan tambah barokahipun Amin-amin YA Robbal Alamin.
Sangkeng kawulo menawi wonten kekhilafanipun kawulo nyuwun agunging pangapunten.
Monggo kito tutup acara dalu meniko kanti wahosan sholawat:
مولى يا صل و سلم داءمًا أبدا على حبيبك ............. هو الحبيب الذي ترجى شفاعته.............
 يارببالمصطفى بلّغ .........  
سبحانك الّلهمّ و بحمدك أشهد أن لا اله الاّ أنت أستغفرك و أتوب اليك ..........
أخيرالكلام
أالسّلام عليكم و رحمة الله و بركاته

No comments:

Post a Comment